Kamis, 23 Juli 2009

Kidung Kasetyan

”Kidung Kasetyan”
(Sangune Wanita Tama)

Dening: Arif hartarta

Ana ing sakdhuwuring amben kang tansah nampa pangrerepaning makhluk...kang aran manungsa;
Nunggu tekaning janji, kinemulan kemul putih minangka pralambang ikhlas, bali – tinggal kanikmataning donya, ninggal segering banyu, ninggal nikmating wohing dami kinukus...
Nalika manungsa wus kelangan rasa pepinginan...
Nalika jalma wis nampik kanikmataning donya...,
Nalika..., nalika duit abang atusan wis ora kuwawa ngereh jagad’de...
Nalika rasa mbegagah dakah-dakah kudu nggrayah rebah...
Nalika sing ana amung Hyang Taya, pasrah ing suwung...
Kabeh katon ora cetha, nanging krasa tetela yekti...

Ing kene unen-unen ”kridhaning ati tan kuwawa mbedah kuthaning pasthi, budidayaning manungsa datan bisa ngungkuli purbaning Kawasa” kuwasa mbuktekake esensi-ne, jer sakabehe makhluk amung sadrema nglakoni. Lelakon wajibe mung dilakoni, penandhang wajibe mung disandhang. Mobah mosik sakjroning anteng, nggagapi kasejaten, nyoba ngeningake pancandriyane, nutupi babahan hawa sanga...

Satyawan:
Ana apa dik..., sajake katon temlawung pandulumu..?
(Pitakone Satyawan kalawan ngaras rambute Sawitri kang lagi gumlethak ana ing amben..)
Sawitri:
Ah, ora kok mas...
Satyawan:
Aja nglokro dik...iman utawa piandel kuwi obat sing paling manjur dik.., ora suwe maneh sliramu mari kok jeng...
Sawitri:
(mesem)...pandongamu wae mas...
mas... aku titip tresna kang tulus saka atiku jaganen ya mas...
Satyawan:
Kok kowe ngomong kaya ngono ta dik..? ana apa?

Sawitri:
Kaya-kaya wis teka titi wanci aku kudu bali mas...aku kangen karo purwaning dumadiku, aku kudu bali menyang jagadku...aku nyuwun ngapura mas, jebul aku ora bisa dadi sisihanmu kaya sing kok karepke...
Krungu rembug kang kaya mangkono mau sapa wonge sing ora nggrantes...? ambroling eluh lir jugruging gunung salju...mageb-mageb, jroning ati amung kebak panelangsa, nguwuh-uwuh...
Satyawan:
Pikiran kuwi guwangen adoh dik...
Sawitri:
Apa kowe wedi ing pati mas?
Satyawan:
Kowe ngomong apa ta dik? Aku ora wedi, sepira gedhening rasa wedi yen kabeh wis pinasthi... Rembugan kaya ngono kuwi kaya unine wong sing ora nduwe iman...lan sejatine rembugan mengkono iku ora pantes dirembug dening titah kang isih pinasthi urip...kowe mesthi bali saras dik..,lan, lan awake dewe bakal bisa mbangun bebrayan sing bisa kanggo tepa palupi tangga teparo, kanca-kanca lan masyarakat. Apa kowe wis lali karo rancangan-rancangane awake dewe? Anak loro sing lucu-lucu?
Sawitri:
Aku ora lali mas (karo mesem cilik)...aku kepengin banget nglakoni kuwi karo panjenegan, aku pengin panjenengan dadi pangayomanku dunya tekan akhirat...
Satyawan:
Makasih ya dik...
Sawitri:
Enggih mas...
Eh mas, mbok aku disangoni ta mas...
Satyawan:
Kowe arep nengdi dik kok njaluk sangu?
Sawitri:
Ora nengdi-nengdi mas, umpama suatu saat aku lunga ngono lo mas...
Satyawan:
Arep lunga nengdi?
Sawitri:
Ora nengdi-nengdi masku sayang...
Mas...panjenengan kerep nyritani aku crita-crita wayang sing kena kanggo conto urip...critane Dewi Sawitri, Dewi Damayanti, Dewi Sinta, Dewi Setyawati, Surtikanthi, Drupadi..terus isih kurang siji kae critane dewi sapa mas? Mbok aku di dongengi...
Satyawan:
Dewi Angraheni dik...Jare kuwi crita kuna dik...sing kasunyatane ora nate ana...apa sliramu isih gelem ngrungokake?
Sawitri:
Gelem banget mas...


Satyawan:
Anggraheni kuwi garwane prabu Palgunadi saka negara Paranggelung. Prabu palgunadi meguru marang pendhita Drona ana ing Sokalima. Palgunadi ditepungake kalawan raden Arjuna dening Rsi Drona. Loro-lorone padha dene siswa kang kinasih, amarga pancen paling memunjuli ing antarane siswa liyane. Ringkesing carita, Arjuna ketemu kalawan dewi Anggraheni. Ana unen-unen witing tresna jalaran saka kulina lan marga liriking netra banjur mudhun menyang ati. Arjuna apa dene Anggraheni padha-padha nduweni tancebing rasa tresna...
Nalika Arjuna gladhen ulah titising jemparing lan kanuragan mungsuh Palgunadi, nyatane Arjuna kasoran banjul waradul marang pendhita Drona. Pirang-pirang alesan digunakake dening Arjuna supaya bisa nyingkirake prabu Palgunadi, lan mbokmenawa uga gedhe karepe kanggo ngukub Anggraheni.
Gancaring carita gelising kang amunggel kawi...Palgunadi kasembadan diprajaya dening pandita Drona sarana jempol tangane tengen ditugel.
Arjuna rikat tumuju kaputren negara Paranggelung nemoni Anggraheni lan nyaritakake babagan patine Palgunadi. Arjuna ngrerepa supaya Anggraheni gelem leladi marang dheweke.
...Jebul mrucut saka embanan. Anggraini nampik panjaluke Arjuna, malah dheweke lumayu metu saka kaputren, nyandhak cundrik. Nalika Arjuna bakal njejamah ragane, padha sanalika Anggraheni suduk sarira mati lampus sumusul marang guru lakine...

Anggraheni kuat nahan godha sing paling endah, Anggraheni setya ing kakung, setya marang katresnane, setya marang komitmene. Anggraeni ora egois, anggraeni ora nuruti rasa tresna sing jane ana ing atine...kasetyane ginawa nganti tekaning loka baka...lenggah jejer ing swarga tundha sanga kalawan sisihane................
Satyawan ndungkluk ngesok eluh kang mijil saka katresnan jati ana ing sangarepe gundhukan lemah anyar sing isih kebak mawar lan setaman... sing mulat nggremengake kidung pamberunge rasa:

Rasane kaya rinujid.
Ah ora, ora kaya rinujid
Kaya kepengin mlumpat saka panggonane
Mberung, nyerung, cukeng, adreng
Saya kenceng wusanane nyureng
Susah, nelangsa, ngenes, nggrantes, carub!!!
Saya peteng…
Mung gari ngenteni ndhedhet…

Sangune Wanita Tama, sangu kang digawa dening wanita kang utama lahir batine, Sangune Wanita Tama, sangune awujud critane wanita kang utama... Sangune Wanita Tama minangka kreta kencana bali ing pangkoning Pengeran....





MENANTI KEADILAN
Keadilan akan selalu merata untuk setip orang, tapi kadang keadilan itu tidak tampak. Budaya sangat mempengharuhi jalanya keadilan. Kadang keadilan Tuhan tidak pernah kita rasakan. Dan kita akan selalu dipihak yang merugi. Memang harus kita akui, bahwa adil tidak harus sama. Kemudian aku bertanya, kebudayaan mana yang akan diakui dihadapa-Nya? Amerika atau jawa? Apakah seseorang perlu mencari kebanggaan yang seharusnya didapat(?). Tetapi dia tidak pernah mendapatkan. Seperti halnya memperistri pelacur dari pinggir jalan. Apakah upah yang akan diterimanya? Antara cinta dan keadilan hanya terdapat sekat yang bisa ditelusuri dengan hati dan nalar utuh. Jangan sekali-kali menggunakan hati kalau tidak ingin mendapatkan beban dari rasa-mu.
Hati yang aku maksud bukan sebongkah daging dalam susunan tubuh ini, melainkan lebih ke dalam kedalaman rasa dan tergolong sebagai bagian rohani. Disaat hati yang memenangkan pertempuran, maka bagian jasmanimu akan selalu memberontak begitu pula sebaliknya. Kamu akan selalu merasakan ketidak adilan dari jagad edan ini. Kamu akan selalu dihadapkan kepada serpihan-serpihan sisa-sisa pelacuran dengan berbagai motif. Ada yang melacur dengan alasan cinta, ada pula yang melacur dengan alasan ekonomi, bisnis, bahkan ada yan sudah menjadi hobi. Mereka melacurkan hak-hak yang seharusnya diterima oleh suami atau istri mereka kelak, tapi karena nafsu mereka yang bak binatang itu, mereka telah menjadikan hak paten itu sebagai taruhan dalam perjudiannya dengan nafsu, bahkan ke-Tuhan-anpun mereka lacurkan, pembangunan tempat-tempat ibadah berkedok kemiskinan Tuhan. Kepercayaan, loyalitas juga telah dilacurkan. Semua adalah lonthe-lonthe yang terus dan terus bersarang dalam hati dan keimanan generasi satu ke yang lain. Apakah ini yang kita anggap budaya? Budaya kebobrokan moral mungkin! Kini semua tinggal penyesalan yang tak berkesudahan, dan akan selalu dan selalu muncul seperti bayang-bayang. Tinggalah kini menunggu hukuman dari perbudakan nafsu. Upah dari kekilafan kesalahan dan dosa adalah hukuman. Omong kosong dengan pengampunan dan pertobatan. Lihatlah sisksa itu datang dengan ganasnya…

“Amarga sing dianggo lagi ‘nalare’, durung nganggo “rasane”
Mas Dalang

1 komentar: