Kamis, 23 Juli 2009

Kidung Mantrawedha

“Arif Hartarta”

** Kidung Mantrawedha (Dhandanggula)
Ana kidung rumeksa ing wengi
Teguh ayu luputa ing lara
Luputa bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Tenung teluh tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunaning wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan ana ngarah ing mami
Tuju guna pan sirna

Sakehing lara pan samya bali
Sakeh ama pan samya miruda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadya kapuk tibaning wesi
Sakehing wisa tawa
Sato galak tutut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning wong lemah miring
Myang pakiponing merak

Pagupakaning warak sekalir
Yen winaca ing segara asat
Temahan rahayu mangke
Dadya sarira ayu
Ingideran pra widadari
Rineksa Malaikat
Lan sagung pra rasul
Pinayungan ing Hyang Suksma/pan dadi sarira tunggal
Ati adam, utekku Baginda Esis
Pangucap Nabi Musa/ pangucapku ya Musa
Pan napasku Nabi Ngisa luwih
Nabi Yakub pamiyarsaningwang
Dawud swaraku mangke
Nabi Brahim nyawaku
Nabi Sleman kasekten mami
Nabi Yusub rupeng wang
Edris ing rambutku
Baginda Ngali kulit wang
Abubakar getih, daging Ngumar Singgih
Balung baginda Ngusman

Sungsumipun Patimah linuwih
Siti Aminah bayuning angga
Ayub ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantung
Nabi Yunus ing otot mami
Netraku ya Mohamad
Pamuluku rosul
Pinayungan Adam Kawa
Sampun pepak sakathahe para Nabi
Dadya sarira tunggal
***

Wiji sawiji mulane dadi
Ingkang pencar salumahing jagad
Kasamadan dening date
Kang maca kang angrungu
Kang anurat kang animpeni
Dadya ayuning jasad
Kinarya sesembur
Lamun winaca ing toya
Kinarya dus “prawan tuwa aglis laki”
Wong edan nuli waras

Lamun ora bisa maca kaki
Sinimpena akarya azimat
Teguh ayu panemune
Yen binekta aglurug
Mungsuhira datan udani
Luput sanjata tawa
Iku sawabipun
Sabarang pakaryanira
Pan rineksa dening Hyang Maha Suci
Sakarsane tinekan

Lamun ana wong kabanda kaki
Myang kadhendha lan kabotan utang
Miwah wong alara reke
Wacanen tengah dalu
Ping selawe wangene singgih
Luwar ingkang binandha
Kang kadhendha wurung
Sadosane ingapura
Ingkang utang sinauran ing Hyang Widi
Kang agring nuli waras

Lamun arsa tulus nandur pari
Puwasa’a sawengi sadina
Iderana galengane
Wacanen kidung iku
Sakeh ama tan ana wani
Lamun sira arsa prang
Wateken ing sekul
Angsala tigang pulukan
Mungsuhira rep sirep tan ana wani
Dadya unggul prangira

Sing sapa reke bisa nglakoni
Amutiha lawan anawa’a
Patang puluh dina wae
Lan tangi wektu subuh
Miwah sabar sukuring ati
Insya Allah tinekan
Sakarsanireku
Tumrap sanak rakyatira
Saking sawabing ngelmu pangiket mami
Duk aneng Kalijaga

Tidak ada komentar:

Posting Komentar